Jajanan tradisional onde onde
Onde onde yaiku jajanan tradisional asale saka Mojokerto Jawa Timur sing iseh lestari nganti saiki . Panganan iki nduwe bentuk bunder sing kagawe saka glepung ketan sing di goreng uga njobone akeh wiji wijene.
Siapaken bahan kang diperluake kanggo nggawe onde onde yaiku glepung ketan, glepung beras, gulo puteh, banyu anget, uyah, vanili bubuk, wiji wijen lan lenga goreng. Bahan kang diperluake kanggo nggawe isi onde onde yaiku kacang ijo, uyah, gulo puteh, lan vanili bubuk.
Carane nggawe isian onde onde yaiku jangka pisan nggrendem kacang ijo sajrone 4-5 jam, sakwise di basuh nganti resik. Jangka pindo nggedang kacang ijo nganti empuk.
Carane nggawe adonan kulit onde onde yaiku jangka pisan glepung ketan, glepung beras, vanili lan uyah dicampur lan di aduk rata. Jangka pindah adonan mau di uleni lan di tambah ke banyu sithik nganti adonan bisa di bentuk. Jangka telu yaiku njupuk adonan onde onde sakcukupe, nuli di pipih ke mbentuk cekungan kanggo ngleboake isian kacang ijo. Jangka papat nutup cekungan mau karo mbunderke adonan seng di gawe koyo bola. Jangka lima ndeleh onde onde ning njero banyu adem. Jangka enem yaiku ngulinaake onde onde mau ning nduwur ajang sing isine wiji wijen. Jangka pitu manaske lengo ing wajan banjur nggoreng onde onde nggunaake geni cilik supaya ora onde onde gosong. Jangka wolu ngangkat onde onde yen wis kuning keemasan. Jangka terakhir nyajikke onde onde nang piring lan siap di pangan.
Nahh iku carane nggawe jajanan onde onde, koyone gampang ning nggawe onde onde dadi enak di butuhke gatekan khusus.
Digoreng diketik dadi siji tanpa spasi Mas Abi, dibasuh ganti dibilas/dipususi, nggedang ganti nggodhog kacang ijo, di aduk ganti diudhek (aja diwenehi spasi amarga iku dudu katrangan panggonan-tempat) diuleni aja dipisah ditambah ake, dibentuk dipipihke, digawe bola ganti bal, , banjur. Onde" Sing arep digulingake ing wijen napa kok dideleh ing banyu.. Yo ajur toh mas. Ayo liyane dicek.. Sakliyane katrangan panggonan.. Kudu diketik dadi siji
BalasHapus